Pengangkring
mas Plenthong
Kategori :
Resensi
@ 20 Sep 2007 | 16:55:11
Maaf bagi yang kurang fasih berbahasa Jawa. Tujuan saya posting pakai bahasa Jawa hanyalah sebagai orang Jawa saya hanya ingin “nguri – uri kabudhayan jawi” agar nanti saya tidak dikatakan sebagai “Wong Jawa ilang jawane”. Namun jika ada “tumpang suh anggenipun kula matur, kula nyuwun gunging pangaksami”
Para kadhang, kula nulis bab punika gadhah ancas inggih punika : sepindah kita warga Ngayogyakarta tansah emut menawi laladhan kitha Ngayogyakarta punika anggenipun diparingi nama tansah wonten sejarahipun. Lajeng para kadhang tambah anggenipun nresnani kitha punika. Kaping kalih menawi para kadhang gadhah kawruh ingkang sami nanging dereng kula tulis sageta andum kawruh dhateng para kadhang sanesipun ingkang maos tulisan punika.
Nami ingkang kula maksud inggih punika saget nami kampung, margi utawi panggenan sanesipun. Tuladhanipun kampung Jlagran anggenipun diparingi nami amargi ing laladhan punika panggenanipun tiyang ingkang pedamelanipun dhados Jlagra utawi tukang ndamel barang saking sela. Gamelan panggenanipun abdi dalem Gamel inggih punika ingkang ngrimat kapal (kuda). Beskalan panggenanipun tiyang ingkang narik pajak (saking ukara fiscal). Siliran panggenanipun abdi dalem Silir inggih punika inggang gadhah tugas nyumet diyan ing kraton. Patehan panggenanipun abdi dalem inggkang damel unjukan.
Lajeng panggenanipun bregada prajurit kraton tuladhanipun Wirabrajan, Bugisan,Patangpuluhan,lsp.
Kejawi punika wonten kampung ingkang dipun paringi nami amargi wonten ing riku kalenggahanipun para pengeran utawi trahing kraton. Tuladhanipun Pringgokusuman, Pugeran, Sosrowijayan, lan sanes – sanesipun. Mekaten ugi nami – nami mergi.
Kejawi saking nami – nami saking kraton bangsa Landha ugi paring nami ing laladhanNgayogya. Jaman penjajahan bangsa Landha menggen ing Baciro. Lajeng paring nami margi kanthi naminipun sekar. Atawisipun Jl. Gambir, Melati, Kenanga, Kemuning, Kantil, Mawar, Soka, lsp.
Ananging emanipun ing jaman presiden Soeharto kathah nami – nami margi ingkang dipun gantos. Antawisipun Jl.Abubakar Ali rumiyin gadhan nami Kerg Wek (jalan gereja) ingkang dipun kenal Kewek. Lajeng Jl. Margomulya amargi ing laladhan punika wonten gedhong pamrentahan Hindia Belanda (sapunika dados Istana Negara) dipun gantos Jl. Ahmad Yani.
Kula kinten taksih kathah laladhan utawi margi sanesipun. Kula sumanggaaken para kadhang ingkang gadhah kawruh bab punika saget nambahi. Nuwun.
Banyak tempat – tempat lain yang saya lupa karena catatan saya tertinggal di Jogja tercinta. Sumber saya dapatkan dari catatan PT Kertagana Yogyakarta.
Mas Plentong ngaturaken sugeng pepangihan malih..

